Senin, 1 Juni 2026
Sastra & Humor
Esey

Tangtangan Pawiyatan Basa Cerbon-Dermayu teng Mangsa Global

Minggu, 30 November 2014

BASA Cerbon, kados tekad masyarakaté piyambek badé didadosaken basa kang ajeg. Mboten nginduk teng basa Jawi utawi Sunda kang pernah mrabawani basa punika. Pancén, paling mboten wonten tigang faktor kang kedah dipratikaken, umpami setunggilé basa daérah badé dimegaraken. Setunggal, basa niku maksih dienggé utawi diopéni teng masyarakaté. Kaping kalih, saged dienggé dados basa ater-ater élmu kaweruh (pengetahuan, ilmiah) lan wontené tradisi sastra lisan utawi seratan. Ditambih malih syarat saking Lembaga Bahasa Internasional, kedah nggadahi paling boten 1.800 tembung (kosakata) asli. Faktor kaping setunggal, menawa saged dikebeki. Amargi, teng kawontenané basa wau maksih dienggé sedinten-dinten lan ”basa babon” teng salebeté keluarga.

Faktor kaping kalih lan kaping tiga, maksih dados ganjelan kang merlukaken proses lami kanggé mbuktosakené. Sanajan kanggé kapentingan wau sampun disusun kamus basa Cerbon sareng alihbasa Indonesia.

Kanggé tradisi sastra ? Menawi nembé teng tingkat lésan. Niku uga sampun milai sirna. Parikan (pantun), wangsalan, dongéng lan memaca sampun arang dilakukaken masyarakat. Punapa malih tradisi sastra lésan ingkang sampun ngoyod teng masyarakat Sunda lan Jawi, maksih perlu waktos ingkang lami kanggé ngadegakené. Mung mawon teng wayah saniki sampun ketinggal wontené gerakan penyeratan karya sastra Cerbon, kadosdéné kang dipelopori sedérék Ahmad Syubhanuddin Alwy lan réncang-réncang sanésé. Sampun wonten uga koran kusus basa Cerbon, Koran Cerbon lan suplemen Pikiran Rakyat Edisi Cirebon (sampun boten terbit) lan Kabar Cirebon ingkang nyediyakaken rubrik kanggé seratan-seratan basa Cerbon.

Basa daerah kang wonten teng kisik (pesisir, pen) lér ingkang biyasa kasebat “basa Cerbon” saged trubus dinamis kados basa Indonesia. Ajibé, basa niki mboten purun dilebetaken teng jéjéran basa Jawi utawi Sunda, sanajan diakui prabawa kalih kabudayaan wau ageng sanget. Tembungé Jawi, mung kocapané mirip Sunda.

Masyarakat teng wewengkon Cerbon lan Dermayu dipandeng taat umpami nganggé tembung basa wewengkoné Kocapan ingkang diucapaken condong teng kocapan basa Sunda. Huruf akir a misalé, diwaca a, sanés o kados kocapan Jawi. Tembung-tembung lara, jawa, apa, sala, sapa lan macem-macem sanesé tetep diwaos punapa wontené kang diserat boten sareng kedah diubah dados loro, jowo, opo, solo utawi sopo. Séjéné niku kanggé tembung a ingkang nggadai akiran h, kados sawah, sumpah, runtah lan tembung sejenisé, diucapaken boten dados o.

Mung wonten kocapan basa Cerbon kang ketingalé nabrak saking pakem wau. Niki kedadosan teng daerah Plered, Cideng (Cirebon kilen) lan Astana Gunungjati, Panguragan teng Cerbon bang lér. Tembung-tembung kang nggadahi akiran h dados o lan kang nggadai akiran o dados a. Kados tembung sawah dados sawo, ya los (tegesé ; mangga, silakan) dados yo las, kebo dados keba. Sanajan mekoten dialék-dialék wau kedah diakoni minangka bandhakaya basa Cerbon. Kelebet basa jawaréh (sawaréh) kang wonten teng tapel wates Cirebon wétan, wewengkon pinggiran kubengan Sunda, kadosdéné Haurgeulis (Indramayu), Ciledug, Waled, Pabuaran lan wewengkon sebukengé.

                                         **

PUNDI mawon kang mlebet wewengkon budaya Cerbon? Prof. Mattew Isaac Cohen, Ph.D, Lektor Seni Pertunjukan teng Universitas Glasgow Inggris (2000), Cerbon ditafsiraken minangka wewengkon budaya kang wonten teng gelaran Pesisir Lér Jawi awit Cilamaya (Subang) teng bang kilén lan Brebes teng wétan. Niki ditengeri sareng dialék ingkang kas saking Jawa (Jawa Cerbon), sawiji tradisi sejarah kang mili (mengalir, pen) sekubengé tilasan sawiji kesultanan Islam ingkang diadegaken nalika abad ganggsalwelas lan maksih wonten nganti saniki sareng adat istiadat ingkang kas. Kelebet cacah (populasi, pen) ageng teng Kabupaten Karawang, Subang, Indramayu, Majalengka, Kuningan, Cirebon, Brebes lan Kota Cirebon. Wewengkon budaya kang wewatesan sareng tanah girang (pegunungan) Sunda teng bang kidul, wewengkon Betawi teng bang kilén, lan tiyang Cerbon nyebut “Jawa Tengah” teng wétan minangka “wong wétan”, inggih punika masyarakat budaya kang nggadahi pandengan lan orientasi teng Keraton Yogyakarta lan Keraton Surakarta minangka standar budaya lan kuncén ingkang ngemong segala macem kang mambet Jawi.

Sanajan mekaten, Cerbon uga boten saged lepas mekoten mawon saking basa Jawa. Katah tembung Sansekerta ingkang dados bibité basa Jawa lan Sunda mlebet teng kocapan sedinten-dinten basa Cerbon. Kadosdéné, manjing, ingsun, sira, ana, ampil, anak, anapi lan sapanunggalipun. Tembung-tembung wau umumé boten malih dienggé wiraosan sedinten-sedinten teng sekubengan masyarakat Jawa.

                                         **
BASA Cerbon pancén déréng saged lepas mekoten mawon saking jiwa basa Jawi. Mekoten uga sareng morfologi (élmu ingkang ginaui seluk-beluk basa) lan paramasastranipun maksih méleti Jawa. Sementawis Jawa sareng Cerbon boten saged lepas saking basa dasar Sansekerta.

Unggal basa dugi teng selebeté waktos lan selajengé dipasarahaken dumateng penganggénipun teng komunikasi (lisan lan seratan). Basa nggadahi sipat ingkang dinamis lan saged owah selawasé zaman. Basa ngrupiyaken sawiji sistem ingkang nggadahi fungsi teng wayah saniki, ingkang ngandung tilasan (sisa) zaman sengiyén, utawi bibit-bibit kanggé pangembangan teng besuk kiki (E.M. Uhlenbeck, 1978). Kaowahan tembung ditengeri saking tembung dasar dados pangucapan lan prabawa basa-basa sanésé. Contoh tembung angon : saged owah dados angonan : sato kéwan kang diangon, ngangon kang tegesé ngemong utawi mongmong sato kewan; pangonan : genah angonan. Teng basa-basa kang wonten teng Indonesia, akiran “an” utawi “ang” disebut ingkang paling katah dienggé, mekoten uga awalan “di” kadosdéné diangon, diangonang, diangoni.

Basa Cerbon mbesukiki

Kadosdéné ingkang sampun dibedaraken, basa niki kedah nggadahi pengarepan kanggé mangsa mbesukiki. Milaiiku kedah disusun strategi kanggé mengkuhaken kawontenan basa punika.
Ingkang kawitan kedah ngrancanakaken strategi kelayan pandengan basa ingkang utuh lan saged ditampi teng sedanten masyarakat Cerbon penganggé basa punika. Nggadahi cakupan ingkang amba kanggé kapentingan kegesangan masyarakat sedaya. Milaniku penyusunan strategi punika kanggé ngadepi mangsa ingkang badé dugi lan kedah nggadahi pandengan teng ajeng. Strategi basa (kabudayan) dipancegaken kanggé mundakaken aji kahuripan masyarakat (Soerjanto Poespawardojo, 1993).

Sacara teknis teng prancanan strategi puniki saged dibagi kalih, basa Cerbon kanggé kapentingan pendidikan lan basa Cerbon kanggé masyarakat padarakan (masyarakat katah). Kanggé pendidikan contohipun kedah disusun rancana basa Cerbon teng perguruan inggil lan sekolah-sekolah awit dasar nganti menengah, dadosaken basa Cerbon minangka basa élmu kaweruh lan teknologi. Sementawis penyebaran basa Cerbon teng masyarakat padarakan pangembangané saged disarengi media massa, kadosdéné media cetak, elektronik lan internet. Acara-acara Cerbonan kang biyasa disiaraken déning RRI (Radio Republik Indonesia), radio swasta lan televise maksih kedah dipengkuhaken malih. Sementawis kanggé media cetak, kadosdéné koran, tabloid, majalah, buku-buku maksih kedah dimundakaken. Sanésé niku maksih wonten perkakas komunikasi kanggé verbal ngliwati ceramah-ceramah agama, piwulangan teng pesantren-pesantren, kesenian tradisisonal lan wiraosan sedintern-dinten.

Teng RRI acara-acara gelar kesenian Cerbon, babad Cerbon lan obrolan-obrolan khas Cerbonan maksih ditayangaken kelayan jadwal iangkang sampun ditetepekn. Mekaten uga “Cirebon FM Radio” ingkang nyebut piyambeké kelayan julukan “radio etnis” masiha ngger satya nayangaken basa Cerbon teng unggal acara. Sementawis Radio Sindang Kasih FM sawiji acara “Warung Pojok” tetap digandrungi para pemirsanipun.

Kesenian daerah lan tradisional, kadosdéné wayang kulit, golek cepak, tarling, sandiwara rakyat, macapatan lan sanés-sanésé angger tetep nganggé ater-ateré basa Cerbon lan nganti saniki déréng wonten kesenian daerah lan tradisional ngowahaken basa nipun dados basa Indonesia.

Tangtangan teng wayah global

Ningali tangtangan basa Cerbon teng wayah global, cekap watiraken yén basa wau bakal ical. Teng riki pemréntah nggadahi tanggungjawab ingkang abot nalika kedah ngadepi pelanggengan basa daérah teng wewengkoné. Amargi pengopénan basa lan kabudayaan sampun dados amanah saking Undang-Undang Dasar 1945 kanggé dimegaraken lan diayomi pangembangané. Pasal 42 Undang-Undang no. 24 Tahun 2009 perkawis Bendéra, Basa, lan Lambang Negara sarta Lagu Kebangsaan negesaken, pemréntah daerah wajib megaraken, mbina lan ngayomi basa lan sastra daerah supados tetep mengkuhi kelinggihan lan fungsinipun teng selebeté kegesangan masyarakat satata (sesuai dengan aturan) sareng megaré zaman lan supados tetep dados bagiyan bandakaya budaya Indonesia. Mekaten uga teng Peraturan Daerah Jawa Barat no.5 Tahun 2003 ingkang sampun diubah dados Perda no. 2014, sampun wanti-wanti ngamanataken yén basa daérah kedah diayomi, amargi pelinggihané kang penting minangka jiwa lan nafas masyarakat daérah punika. Icalé basa sawiji daerah kedah ditafsiraken sareng icalé uga sawiji kabudayaan ingkang ageng ajiné (nilainya).

Icalé sawiji basa wewengkon kedah ditafsiraken kelayan icalé uga sawiji kabudayaan ingkang inggil ajiné. Wajar, yén United Nations (Persatuan Bangsa Bangsa) netepaken 21 Februari minangka Dinten Basa se-Jagat. Selaras sareng isi Perda Jawa Barat no.5/2003 ingkang sampun diubah dados Perda…..Tahun 2014 teng provinsi wau wonten tigang basa wewengkon, yaniku Sunda, Cerbon-Dermayu lan Melayu Betawi.

Sumber Encarta Refrence Library 2003, nyebataken sebagiyan ageng 6.000 basa teng jagat ingkang bénten-bénten dituturaken 10.000 (sedasa éwu) tiyang utawi kirang. Teng lebet satus taun teng ajeng katah ahli percanten separoh saking basa niki, sareng jatidiri budaya ingkang unik ingkang wonten pautané sareng basa wau, bakal medal saking kawontenané. Teng seratan puniki (Februari 2000) dipendet saking Encarta Yearbook, pakar basa Doug Whalen dan K. David Harrison netélakaken sebab-sebab lan dampak saking basa ingkang keancam ical. Teng millennium kaping kalih ingkang pungkasan, langkung saking 6.000 basa manungsa ingkang bénten-bénten dienggé teng jagat. Katah pakar basa ingkang ngira-ngirakaken teng taun 2.100,mung kantun separoh saking basa-basa puniku maksih digunemaken lan unggal 12 dinten bakal ical setunggalbasa.

Kénging punapa basa ical? Alesan paling dasar, yaniku mundaké kontak antawis masyarakat manungsa ingkang sedéréngé dikucilaken. Basa pancén,miturut teore pakar wau, basa perlu dikucilaken kanggé megaraken lan netepaken jatidiri kas piyambeké. Nalika “pengucilan” rampung, basa lokal condong ical sesarengan kegesangan sacara tradiisonal.

Katah masyarakat adat lan pakar basa ingkang gadah damel kanggé ngandegaken kacondongan wau, ingkang ngancam kanggé ngirangi warisan jagat budaya lan basa. Katah sejarah masyarakat lan budaya ingkang ngandung teng lebet basanipun. Kanggé kaicalan basa leluhur, yaniku kanggé ngringkihaken tautan kanggé leluhuripun piyambek. Kadosdéné basa ingkang ical, bandha kaya budaya, seni lan élmu kaweruh ical sareng piyambeké.

Katah basa teng jagat uga nawaraken para pakar antropologi minangka sumberdaya ingkang unik kanggé ginaui pripun manungsa kesebar teng jagat niki. Katah saking punapa ingkang dikaweruhi perkawis gerakan sejarah manungsa ingkang asalipun saking ginauan basa ingkang dikocapaken déning tiyang-tiyang kuno teng bumi. Jumlah ingkang pas saking basa ingkang kaancam ical teng jagat susah kanggé dipastikaken, utamané amargi kebéntenan antawis basal an dialék ingkang kepisah boten sanatyasa jelas. (Dialek ngrupiyaken versi basa ingkang bénten teng pocapan, paramasastra, lan/utawi tembung). Namtukaken punapa pocapan sesilah (sekelompok, pen) ngrupiyaken dialék basa utawi sampun ngalami kaowahan ingkang cekap kanggé dianggep basa ingkang bénten, ngrupiyaken perkawis konvensi sami sareng linguistik.

Nanging, fakta sanésé nunjukaken, globalisasi lan boten wontené pratiyan saking pemréntah teng selebeté pawiyatan (pendidikan, pen) ngrupiyaken sawiji faktor “rajapati” (pembunuhan missal, pen) basa wewengkon. Teng riki basa nyatané basa diundag-undagaken dumateng gengsi paraga (pelaku, pen) nipun. Basa Inggris contohipun, miturut penelitiyan Balai Bahasa Provinsi Jawa Barat (Kemendikbud) wonten teng undagan paling inggil. Kaping kalih basa Indonesia lan kaping tiga basa wewengkon.

Undagan kaping setunggal teng basa Inggris, amargi basa wau sampun dienggé déning tiyang badé sejagat. Sanésé sampun dadosaken minangka “régol ekonomi”. Teng pelaku basa ingkang sami, basa Indonesia nglinggihi undagan géngsi kaping kalih, minangka penganggénipun kewates teng skala nasional lan pungkasan basa wewengkon wonten teng undagan kaping tiga. Jinis basa teng gengsi undagan kaping tiga wau ingkang paling sengsara, amargi dianggep “tiyang-tiyang dusun” mawon ingkang maksih nganggé basa local. Basa Cerbon ngrupiyaken sawiji basa ingkang dianggep manuju “régol kepatén”, yén boten kelayan rikat dileresi kelayan saé.

Kawontenan punika jelas mawon mrabawani pengajaran basa lan sastra Cerbon-Dermayu teng wayah saniki. Amargi yén sawiji basa ical, bakal susah didadosaken piwulangan para siswa lan mahasiswa ingkang badé ginaui basa wau. Niku ngrupiyaken tantangan pawiyatan (pengjaran, pen) basa lan sastra Cerbon-Dermayu teng era global.* Nurdin M. Noer - kisuta.com

(Penulis Ketua Lembaga lan Sastra Cerbon (LBSC)


BAGIKAN

BERI KOMENTAR
masjidraya